Kula Suparyadi anakipun tiyang buruh saking wewengkon Godean Sleman. lahir 39 tahun kepengker tanggal 18 Maret 1973. Wonten ing wekdal menika nyobi damel blog ing pangangkah saged kinarya ngudhar gagasan saha pados mitra patepangan. Wiwit alit kula sampun kulina gesang ngrekaos. Lara lapa gesang wonten dhusun dhasar keluarga kula kalebet keluarga ingkang kekirangan. Sanajanta makaten kula tansah ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah sayektinipun kula anmung wayang saumpaminipun sampun wonten ingkang murba lan masesa. Dados kula nglenggana sedaya pancen kedah makaten. Mugi sedaya kala wau saged kinarya sarana nyaket wonten ngarsanipun Pangeran ingkang maha welas lan asih ingkang tuhu ngregem jiwa raga kula dalasan bum langit saisinipun.
Para kadang Bloger, wiwt alit kula sekolah wonten dhusun SD Muhammadiyah Ambarketawang VI ing Prenggan Sidokarta Godean Sleman. SMP inggih Muhammadiyah lajeng mlebet SPG Negeri 3 Yogyakarta. lulus SPG tahun 1991 lajeng wiyata bakti wonten ing SD wewengkon Wonosobo Jawa Tengah. Tahun 1992 nyobi ndaftar wonten ing IKIP yOgyakarta Jurusan basa Inggris kaliyan Basa Jawa. eeee ndilalah ketampi wonten jurusan basa Jawa. Lajeng kalampahan kuliyah nwonten IKIP Yogyakarta jurusan basa daerah program studi Basa Jawa. Sadangunipun kuliah mlebet ugi wonten ing unit kegiatan mahasiswa. Kula ndherek kalih. Ingkang setunggal kula tumut UKM Pencak Silat jer wiwit alit kula sampun remen dhateng budaya menika. Setunggalipun kula tumut Kamasetra (keluarga Mahasiswa pecinta seni tradisi). Wonten ing UKM silat wiwit mlebet dados mahasiswa ngantos dumugi sampun lulus tasih sempulur sesambetan kaliyan kanca-kanca UKM. Dene wonten ing kamasetra ingkang suda awit winatesipun wekdal. Saking UKM silat menika kula pikantuk pengalaman ingkang kahah sanget kalebet saget nganglang jagat saindengan nusa Jawa Sumatra Kalimanta. Sedaya inggih namung kabekta saking raos remen dhtaeng budaya menika ngatos dumugi samenika kula mbiyantu IPSI Kabupten Sleman minangka Ketua Harian.
Saking UKM kama setra kula pikantuk sangu babgan budaya tradisional Jawa, kethoprak mliginipun. Ndherek pentas lumayan kaping katha. Tasih kula enget rikala semanten pentas sareng kaliyan mas Shodiq, Mas aris, Mas Stefanus (KRT Dalijo Rengga Wacana) Mas Tarmin, mas Slamet Nugroho, Mas daryanto pengrawit lan sanes-sanesipun.
Samenika kula kadhawahan sampur dados guru basa Jawa wonten ing SMP N 2 Pakem. dumugi wekdal menika sampun meh 12 tahun. Ewa semanten seserepan tasih kirang, cubluk ing pangertosan, dereng wanuh bab tata krama unggah-ungguh lan sastra. Wwiwit tahun 2006 kadhawuhan nlampahaken rodhaning MGMP Basa Jawa Kabupaten Sleman dumugi samenika sampun tigang periode. Kula nglenggana dereng saged kasil majengaken MGMP basa Jawa ing Sleman awit saking menika kanthi andhap asoring manah kula nyuwun pangapunten kaliyan kanca-kanca guru basa Jawa ing wewengkon Sleman sayektos kula dereng saged ngladosi bapak ibu sedaya kanthi sae.
Latihan kula cekapaken semanten. matur nuwun awit kawigatosanipun, benjang kla sambet malih.
Ndherek bingah sampun kersa damel blog......
BalasHapus