A. Nyemak
Kompetensi dasar
1.1.Menanggapi
cerkak kegiatan di sekolah
Indikator
1.1.1.
Menyebutkan isi cerkak.
1.1.2.
Menyebutkan tema cerkak.
1.1.3.
Menyebutkan watak
tokoh dalam cerkak.
1.1.4.
Menyebutkan alur cerkak.
1.1.5.
Menyebutkan latar cerkak.
Apa para
siswa wis tau maca cerkak? Cerkak cekakan saka crita cekak. Nanging cerkak dudu
crita sing dicekak. Cerkak bisa komplit lan mbulet. Ing basa Indonesia istilahe
diarani cerpen. Cerkak salah sijine
karya sastra Jawa kang prasaja. Wujude gancaran (prosa). Dene cerkak sing becik
iku duwe titikan mangkene : 1) Ngemot teges utawa makna utawa manfaat. 2)
Kenthel utawa mentes utawa padhet. 3)
proses nulis becike figurative. 4) tataran sabanjure eskalatif. Ing
cerkak ana perangan kang disebut unsur intrinsik lan unsur ekstrinsik. Unsur
intringsik iku kayata tema, tokoh, latar, lan alur. Nah ana ing wulangan iki samengko
bakal nggladhi para siswa supaya bisa nemokake
tema, tokoh, latar lan alur kang
ana ing cerkak.
Pituduh
1. Salah
siji siswa maca cerkak kanthi swara kang seru.
2. Siswa
liyane nyemak, banjur nyoba nggoleki tema, ,tokoh, latar lan alur kang ana ing cerkak.
3. Siswa
nyathet asile nggoleki unsur intrinsic saka cerkak “Peteng”.
Cerkak “Peteng” iki wacanen kanthi swara kang seru
Peteng
Indra lagi asyik
ngelapi sepedah montore. Kabeh diresiki ora ana kang kliwatan. Sela-selaning
ruji uga ora keri. Tangan kiwane nyemproti nganggo cairan pengkilap logam.
Tangan tengene banjur ibut nggosoki nganggo suwekan kaos tilas sragam
bal-balane, bola-bali digosok. Indra mesam-mesem. Dheweke ngilo ing slebor montore
kang kincling meling-meling. Wayangane pancen katon cetha nanging wujude ya
pating plethot urut karo wujude slebor montor. Sirahe Indra dadi dawa. Lucu.
“Wis jam setengah pitu Ndra,
ndang mangkat mengko telat!” Simboke Indra ngelingake karo madhahi tela pohung
ana ing bagor. Sedyane arep digawa menyang pasar.
“Hemm… iki ya wis arep mangkat,
njaluk sangune Mbok!” Indra wangsulan karo ngadeg nguncalake gombal suwekan ana
pojokan.
“Kae anane mung limang ewu,
aku lagi arep adol tela iki ana pasar,
muga-muga wae wae mengko laangsung didhuwiti.” Wangsulane Mboke Indra karo ubat-ubet naleni bagor isi tela pohung.
“Ming mang ewu, entek nggo tuku
bensin Mbok…..” Indra mecucu.
Ora let suwe Indra wis nyangklong
tas ireng lecek. Ing pinggir ana gambar tengkorake. Motor banjur distater, ora
suwe Indra banjur nggeblas. Ibune gedhek-gedhek karo unjal ambegan.
Thet…thet….thet ….
Swara bel sekolah tandha mlebu wis muni. Swarane seru ngeget-ngegeti. Ngalahake
swarane bocah kang padha pating brengok ing latar sekolah. Bareng krungu swara bel banjur pada baris
urut ing ngarep kelase dhewe-dhewe. Jenenge bocah, wis baris
ya isih kober gojegan, geret-geretan. Siswa lanang-lanang ana saperangan
kang pancen rada nyebahi. Bocah-bocah mau lagi gelem anteng nalika weruh bapak
ibu guru wis metu saka ruang guru tumuju ing kelas.
”Sugeng engjing para siswa”
BuWeni guru telas telu paring salam.
Sugeng enjing Bu…! Para Siswa
wangsulan.
”Sapa sing ora mlebu dina iki?”
Bu Weni mbacutke pitakon.
”Indra …. Bu, pun gangsal dinten!”
Jatmika ketua kelas atur wangsulan.
”Apa ana sing ngerti neng ngendi Indra
kok wis limang dina ora mlebu.” Pitakone Bu Weni meneh.
”Esti niku sing ngertos Bu!”
Bagiyo celathu.
”Boten ding Bu, kula boten
ngertos.” Esti bocah wadon lemu
ginuk-ginuk gage nrambul matur gurune. Kanca-kancane ger-geran.
”Wis-wis aja mbeda kanca ta ora
becik. Ya wis mengko dak rembugan karo guru BP.” Bu Weni ngendika. Wulangan
banjur diwiwiti. Bocah-bocah banjur padha meneng ngatekake piwulange Bu Weni,
guru ayu tur pinter idholane bocah-bocah.
Dina candake, langit
mendhung. Dalan dalan isih teles. Ing papan-papan legokan banyu katon isih
ngembong. Udan bengi mau sajake rada deres. Banyu-banyu udan kang ana ing
godhong isih padha netes. Kaya luh kang netes saka mripate mboke Indra kang
bola-bali diusapi ngaggo kacu kumal.
”Estu Bu kula boten mangertos,
menawi anak kula ngaten menika, lha wong menawi enjing nggih pamitipun nggih sekolah, nggih sragam Bu,
malah inggih nyuwun sangu barang Bu.! Mbok Indra crita ndrindhil.
”Inggih Bu kula mangertos,
nanging yektosipun makaten Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa
katrangan. Kamangka, kalih minggu malih sampun UNAS, la miturut data Indra
dereng nate lulus saben wonten latihan ujian. Menika rak mrihatosaken, mila Ibu
kula aturi rawuh mriki supados mangertosi dhodhok selehipun kadadosan menika.”
Bu weni njlentrehake kahanan. Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge
saya kandel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya
akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa kabendung mrebes mili dleweran neng
pipine.
Wengi saya
peteng. Kahanan sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni pada meneng. Kaya
–kaya melu rumangsa wegah arep pada gojegan. Wong ing Desa kemiri ya desane Indra
padha milih kemul sarung sinambi nonton televise. Gardu sing biasane
ger-geran uga sepi nyenyet, kaya
kuburan.
Hawa adhem
njekut. Nanging, ora mangkono swasana ing omahe Indra. Hawane krasa panas.
”Lha kowe ki kok ngapusi barang
ta Ndra karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah ning nyatane kowe ora tekan
sekolahan. Simbok isin to le dipanggil neng sekolahan. Simbok isin Hara saiki dak takon ora sekolah ki kowe lunga
nyang ngendi?” Mbok Indra ngedrel takon.
”Dolan” Indra wangsulan cekak aos
karo ethok-ethok bikut ndandani montore. Slebor ngarep benthet entuk pojokan
gardu wingi awan.
”Dolan…dolan neng ngendi?” Mboke Indra
takon maneh.
”Dolan ya dolan.” Indra wangsulan karo mecucu.
”Ndra ngendikane Bu Guru ujian
kari rong minggu yen kowe nganti ora sinau tenanan ya ora bisa lulus.” Mboke Indra
ngelingake
”Walah Mbok, sinau ya ra lulus,ora
sinau ya ro lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!” Indra ngadeg
ngukuti kunci-kunci. Kabeh diuncalake ing kotak. Swarane pating krompyang.
”Metu….metu piye ta Ndra mung
kurang rong mingggu Ndra.” Mboke Indra
nyuwara rada seru.
”Metu ya, metu mbok aku wegah
sekolah meneh. Aku ora bisa lulus. Kanca-kanca wis kandha, Guru-guru ya ngono.” Indra wangsulan seru karo
mlaku metu nlesep petenging wengi.
Mboke Indra njegreg. Napase
ngangsur-angsur. Dumadakan panyawange kumepyur banjur pet. Kabeh peteng.
Dening
S. Yadi.
Kepriye
rasamu sawise maca cerkak mau? Apa kowe wis bisa nemokake tema, para paraga ,latar
(setting), lan alur kang ana ing cerkak mau.
Luwih cethane mangkene.
Tema yaiku makna utawa gagasan dasar umum sawijining crita. Tema iki
bisa dimangerteni yen wis maca critane nganti tutug tliti lan premati.
Tokoh yaiku paraga kang ana ing sajroning crita. Tokoh utawa paraga
iki bisa dibedakake antarane, paraga antagonis kang umum digambarake paraga
kang duwe watak ala. Paraga protagonis yaiku paraga kang duwe watak lan sipat
kang becik kang nyocoki karo kekarepane awake dhewe nalika maca crita. Ana uga paraga
kang ana ing tengah-tengah kang kasebut
tritagonis.
Latar utawa setting sawijining perangane
karya satra kang nuduhake papan yaiku gambaran papan dumadine lelakon ing crita,
Wektu
yaiku gambaran-gambaran kapan dumadine
lelakon ing crita lan kahanan utawa swasana yaiku gambaran kahanane nalika
dumadine lelakon ing crita.
Alur utawa plot yaiku lakuning crita saka wiwitan nganti tekan rampung.
Gladhen
Cerkak asesirah ”Peteng”
wacanen maneh kanthi tliti lan premati banjur golekana tema, tokoh, latar, lan
alure banjur tulisen ing tabel iki
no
|
Perangan Instrinsik
|
Buktine ing wacan
|
1
|
Tema
|
|
2
|
Tokoh protagonis
|
|
3
|
Tokoh antagonis
|
|
4
|
Tokoh tritagonis
|
|
5
|
Latar papan
|
|
6
|
Latar wektu
|
|
7
|
Latar swasana utawa kahanan masyarakat
|
|
8
|
Alur crita
|
|
Pituduh
- Wacanen kanthi titi lan premati cerkak kanthi irah-irahan ”Peteng.”
- Cocokna karo tabel ing ndhuwur nganti kowe bisa nemokake bukti ing sajroning crita.
Dhiskusi
Sawise tema, tokoh, latar lan alur lan bukti-buktine wis
ketemu banjur rembugen bebarengan karo
kancamu, mbok menawa ana panemu kang seje. Rembugen lan tlitinen bareng-bareng
banjur asile rembugan tulisen ing buku
tugas. Yen ana panemu kang luput bisa dibenerake yen ana kang kurang bisa
ditambahi.
Tugas
Goleka cerkak ing
majalah utawa kalawarti banjur wacanen kanthi premati! Golekana tema, tokoh,
latar lan alure uga bukti-buktine ing jroning crita,tulisen ing buku tugas.
Kethoken cerkak anggonmu golek mau banjur tempelna ana ing
buku tugas!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar