A. Micara
Kompetensi dasar
1.1.
Praktik membaca cerkak dengan baik
Indikator
2.1.1.
Mampu membaca cerkak dengan intonasi yang baik
2.1.2.
Mampu membaca dengan memperhatikan tanda
baca dengan tepat.
2.1.3. Mampu membaca
dengan penuh penhayatan.
Maca
cerkak iku miturut Suwardi (2008) ana
rong werna. 1) Maca cerkak biasa, tegese maca ing sajroning ati utawa dilisanke nanging ora nganggo rasa. Maca
biasa iku maksude kanggo mangerteni
isine crita. 2) Maca nganggo rasa lan ekspresi. Maca iki luwih nengenake
kaendahan ya kaendahane crita lan uga kaendahan maca. Kaangkah sing padha krungu lan nonton padha seneng
utawa bisa ngrasakake isine crita.
Anggone maca bisa wong loro utawa luwih. Nah ing wulangan iki mengko
bakal ngrembug kepriye carane maca cerkak kang becik nganggo rasa lan ekspresi.
Pituduh
1. Salah
siji siswa nyoba maca pethikan cerkak nganggo rasa lan ekspresi.
2. Siswa
liyane nggatekake banjur menehi panemu piye kancane anggone maca.
Luwih cetha bisa nggunakake table.
Pethikan cerkak ing ngisor iki wacanen nganggo rasa lan
ekspresi!
1. Dina candake, langit mendhung. Dalan dalan isih teles. Ing
papan-papan legokan banyu katon isih ngembong. Udan bengi mau sajake rada
deres. Banyu-banyu udan kang ana ing godhong isih padha netes. Kaya luh kang
netes saka mripate mboke Indra kang bola-bali diusapi ngaggo kacu kumal.
”Estu Bu kula boten mangertos,
menawi anak kula ngaten menika, lha wong menawi enjing nggih pamitipun nggih sekolah, nggih sragam Bu,
malah inggih nyuwun sangu barang Bu.! Mbok Indra crita ndrindhil.
”Inggih Bu kula mangertos,
nanging yektosipun makaten Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa
katrangan. Kamangka, kalih minggu malih sampun UNAS, la miturut data Indra
dereng nate lulus saben wonten latihan ujian. Menika rak mrihatosaken, mila Ibu
kula aturi rawuh mriki supados mangertosi dhodhok selehipun kadadosan menika.”
Bu weni njlentrehake kahanan. Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge
saya kandel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya
akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa kabendung mrebes mili dleweran neng
pipine.
2. Hawa adhem njekut. Nanging, ora mangkono swasana ing omahe
Indra. Hawane krasa panas.
”Lha kowe ki kok ngapusi barang
ta Ndra karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah ning nyatane kowe ora tekan
sekolahan. Simbok isin to le dipanggil neng sekolahan. Simbok isin Hara saiki dak takon ora sekolah ki kowe
lunga nyang ngendi?” Mbok Indra ngedrel takon.
”Dolan” Indra wangsulan cekak aos
karo ethok-ethok bikut ndandani montore. Slebor ngarep benthet entuk pojokan
gardu wingi awan.
”Dolan…dolan neng ngendi?” Mboke
Indra takon maneh.
”Dolan ya dolan.” Indra wangsulan karo mecucu.
”Ndra ngendikane Bu Guru ujian
kari rong minggu yen kowe nganti ora sinau tenanan ya ora bisa lulus.” Mboke
Indra ngelingake
”Walah Mbok, sinau ya ra
lulus,ora sinau ya ro lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!” Indra
ngadeg ngukuti kunci-kunci. Kabeh diuncalake ing kotak. Swarane pating
krompyang.
”Metu….metu piye ta Ndra mung
kurang rong mingggu Ndra.” Mboke Indra
nyuwara rada seru.
”Metu ya, metu mbok aku wegah
sekolah meneh. Aku ora bisa lulus. Kanca-kanca wis kandha, Guru-guru ya ngono.” Indra wangsulan seru
karo mlaku metu nlesep petenging wengi.
Mboke Indra njegreg. Napase
ngangsur-angsur. Dumadakan panyawange kumepyur banjur pet. Kabeh peteng.
Tabel
No
|
Maca
|
Biasa
|
Nganggo rasa lan
ekspresi
|
1.
|
Paragraf 1
|
|
|
2.
|
Paragraf 2
|
|
|
3.
|
Paragraf 1
|
|
|
4.
|
Paragraf 2
|
|
|
|
………………….
|
|
|
|
………………….
|
|
|
Kawruh
Sadurunge maca cerkak ana ngarep
kelas utawa nalika pentas , lomba lan liya-liyane para siswa kudu nggatekake
bab-bab ing ngisor iki:
1.
Olah vokal :
latihan ngucapke swara kanthi cetha lan bener , o apa a, e apa e, th apa
t lan sapanunggalane. Uga kudu bisa seru,
ora nganggo ambegan dhadha nanging ambegan weteng. Iki perlu digatekake tenan
supaya suwara bisa gandhang, lan duwe daya (power). Tanda wacan uga kudu
digatekake koma apa titik kudu ditamatate tenanan.
2.
Intonasi suwara (lagu) tegese anggone maca kudu mangerteni kapan kudu
diwaca seru, alon, banter, rindhik, lan sapiturute. Saumpama ing cerkak ana
dhialoge dadi bisa katon cetha lan kepenak dirungokake.
3.
Wirasa tegese nalika maca cerkak kudu bisa mangerteni
watak lan sesipatane paraga kang ana ing crita, dadi anggone maca kudu trep,
apa nesu, apa sedhih, mangkel, ngrintih lan liya-liyane
4.
Ekspresi tegese maca cerkak kudu mantep saka ati tenan.
Bisa ngrasakake tenan isine crita kang diwaca. Kanthi mangkono sing pada nonton
bisa saya cetha anggone mangerteni isine cerkak.
5.
Obah mosik tegese obahe perangane awak kudu trep karo makna lan rasa tembung kang
kawaca.
6.
Sarana tegese kudu nggatekake piranti liyane umpamane
teks kang diwaca kudu cetha. Ngaggo microfon apa ora, banjur sandhangane kudu pantes
lan trep. Iku kabeh kudu digatekake.
Gladhen
- Salah Siji siswa maca pethikan cerkak kanthi rasa lan ekspresi kang becik.
- Siswa liyane mbiji nganggo tabel kaya ngisor iki!
No
|
Maca
|
Apik
|
Sedhengan
|
Durung apik
|
1.
|
Paragraf 1
|
|
|
|
2.
|
Paragraf 2
|
|
|
|
3.
|
Paragraf1
|
|
|
|
Dhiskusi
Pituduh
Sawise mbiji kancamu maca pethikan cerkak banjur rembugen
karo kanca-kancamu kabeh, kepriye maca cerkak kang becik. Luwih prayoga gawenan kelompok
luwih dhisik. Asile rembugan tulisen neng buku tugas!
Tugas
Goleka cerkak, bajur wacanen kanthi rasa lan ekspresi. Latihan maca becike ing ngarep kaca supaya bisa luwih becik.
Casino Games - JtmHub
BalasHapusThe casino has a 공주 출장샵 variety of slots, table games and roulette 충주 출장안마 that are available in 고양 출장샵 the casino. From 성남 출장샵 blackjack to craps and 서산 출장마사지 live dealer games, you'll