A. Maca
Kompetensi dasar
1.1.Menanggapi naskah cerkak kegiatan di sekolah
Indikator
1.1.1. Mampu
menyebutkan ragam bahasa yang digunkan dalam cerkak.
1.1.2. Menyebut
gaya bahasa yang digunakan dalam cerkak.
1.1.3. Menemukan
nilai- nilai didaktis yang tersurat dalam cerkak.
Cerkak karya satra Jawa
kang banget narik kawigaten. Basa kang digunake bisa basa ngoko utawa krama.
Penulis biasane uga nggunake gaya basa utawa lelewane basa kanggo nambahi lan
gawe endahe crita satemah sangsaya narik kawigaten. Saliyane nengsemake basane
cerkak uga ngadhut nilai budi pakerti
kang mumpangati banget. Ana ing wulangan iki mengko para siswa bakal latihan
nemokake bab-bab kaya kasebut mau.
Pituduh
1. Wacanen
cerkak kang asesirah ” Perang” ing ngisor iki kanthi tliti lan
premati.
2. Coba
banjur kok wenehi tandha ukara-ukara
kang bisa nggampangake
para siswa ninthingi naskah crita cekak
iki.
Pethikan cerkak ing ngisor
iki wacanen kanthi titi lan premati.
Perang
.
Alaah. Sekolah ki nggo apa. Ora ana gunane coba pikiren, sesuk yen lulus apa ya
njur kepenak uripmu, entuk gawean, enthuk dhuwit akeh? Mbel ra mungkin.
Kandhane Darson karo lambene menjab-menjeb. Jan-jane jenenge asli Darsana,
nanging kanca-kancane ing dalan marabi Darson. Dhasar bocah rada mbejujag, dheweke
seneng wae diceluk Darson.
Mahendra krungu omonge Darson mung meneng,
pojok batine sethitik ya ngakoni bener. Nanging kaya ana rasa kang kurang srek
ing atine. Dheweke ora bisa kumecap. Dikrubung bocah-bocah mbejujag sing
omongane pating creblung. Awake gemeter, Perang tandhing ing batine, ana karep
nerusake sekolah. Nanging yen ngelingi kahanane wong tuwane atine mbenerke
omongane Darson. Dheweke mesakake banget Simboke lan Bapake, wongtuwane
sakloron mung buruh tani. Pametune ora mesthi. Kamangka kudu ngragati bocah
loro MahIndra lan Adhine. Maharani sing saiki wis kelas enem SD.
Meruhi Mahendra mung meneng. Darson
seneng atine. Panganggep omongane
ditampa Mahendra. Dhewe mbacutke clathu. ”Piye Ndra, bener ta. Kandhaku? Luwih
becik kowe nyambut gawe ngewangi wong tuwamu. Apa ora mesakake wong tuwamu? Wis
saiki kowe melu aku. Nyambut gawe gampang bayare lumayan. Ya ora Pri?” Darson nyawang Jupri. Nom-noman kuru rambute
brindhil, mbenerke. ”Iya. Ndra, ora angel-angel dhuwit akeh. Santai. Wis melu
wae”. Mahendra saya judheg, pikire nglambrang. Katon gegambaran-gegambaran
endah yen saumpama dheweke dhuwe dhuwit . Ah, penake, senenge.
Mahendra kaget nalika Darson nyablek pundhak
karo celathu. ”Wis dipikir-pikir sik. Aku dak cabut sik. Yo Pri, Son, Thik
awake dhewe cabut sik.”
Bocah papat banjur nggeblas. Bonceng –
boncengan sepedha motor, pancen bocah ora genep. Montor dibandhangake, gek ora
nganggo helm, suwarane knalpot mbrebegi kuping.
Wancine wayah isya’, Mahendra isih melu sholat
isya’ ing mesjid cedhak omahe. Masjid lawas jaman keraton. Ana sing ngarani
masjid pathok nagari. Sanajan wis tuwa nanging bangunane isih pengkuh. Bubar
sholat dheweke lungguh dheleg-dheleg ing emperan masjid. Lendhetan jagak
bedhug. Pikire isih bingung. Pepenginane sekolah lan omonge Darson perang rame.
Genti-genten nguwasani angen-angene.
”Ana apa Dhik kok sajak abot pikiranmu?”
Sasana njejeri lungguhe Mahendra. Mahendra ngingset lungguhe karo nyauri, ”Lagi
rada bingung Mas.” Karo pawongan siji iki Mahendra ora wani ndhelikake rasane.
Sasana Warastra ngono asmane jangkep. Gelare mburi Sarjana Pendidikan. Piyayine durung tuwa watara lagi telung puluhan
wolu. Nanging sorot paningale mratandhan yen dadi wong sing mateng. Tangga
teparone ngertine Mas Sasana ya mung guru ing sawijining SMP ing pereng gunung.
Kegiyatan liyane ora akeh wong kang ngerti. Dheweke ora tau ngrembug bab
kegiyatane. Sing diomongke ya kaya anut ombyake omongane wong-wong liyane,
cekake dheweke ora tau mbukaki rembug nanging mung ngegongi, tur pas karo sing
dikarepke, dadi akeh kang rumangsa seneng marang Mas Sasana. Mahendra dhewe ya
ngono.
”Lho,
malah ngalamun Dhik, wong sekolah kuwii pancen abot.” Mahendra njenggelek. Rada
gumun karo celathu. ”Panjenengan kok priksa Mas?” Sasana mesem, ”Kira-kira kok Dhik.
Aku mbiyen ya kaya kowe. Nuwun sewu ya. Aku mung anake blandhong kayu, yen
kahanan ekonomi ya ora beda karo wong tuwamu saiki.”
”Lajeng
panjenengan kok saged sarjana ngantos samenika dados guru Mas, cariyosipun
kados pundi?”
”Critane
dawa Dhik, ning cekake ngene, muga-muga bisa dadi tetimbangan pamikirmu.
Sepisan ngene Dhik. Awake dhewe kudu yakin yen awake mbudidaya tenanan mesthi
ana dalan. Wong Jawa biyen ngendika sapa teteken tekun mesthi bakal katekan.
Kaping lorone Dhik. Sing kagungan rejeki iku Gusti Allah, yen awake dhewe
nyuwun mesthi bakal diparingi. Ping telune kowe kuwi jejering anak, mula wajibe
bekti marang wong tuwa, bisa mikul dhuwur mendhem jero. Wujude bektimu marang
wong tuwa yaiku kowe sinau tenanan, sekolah tenanan saduwur-duwure aja nganti
mandheg. Aja wedi bab ragad lan liya-liyane. Mengko mesthi ana dalane.
Wis
Dhik ngono cekake, nuwun sewu aku bali dhisik. Dipikir tenanan!” Sasana banjur
menyat ninggalke Mahendra.
Mahendra
gumun kok yen miturut ngendikane Mas Sasana katone ngadhepi urip kok gampang
banget, Mahendra banjur melu manyat, pikire rada entheng nanging atine isih kepengin
krungu crita lelakone Mas Sasana. Bengi saya peteng, mesjide sepi.
(Lelakone sang Guru, Sleman 2009)
Kawruh
Ragam basa : Maneka warna utawa undha-usuking basa tuladhane ngoko, krama, krama inggil
Lelewaning basa (gaya bahasa) basa kang digawe supaya
saya endah nengsemake ati.
Tuladha lelewaning basa utawa gaya bahasa
1. Paralelisme
Yaiku gaya bahasa nadhesake
sing wujude mbaleni tembung ana ing sawijining ukara.
Tuladha : Yen kowe ngundang, aku ya bakal teka
2. Antitesis
Yaiku gaya bahasa sing migunakake tembung kang tegese kosok
balen.
Tuladha : Sugih mlarat, enom tuwa, gedhe cilik, kabeh
tumplek bleg ing lapangan.
3. Reptisi ngambali utawa mbaleni tembung kang dianggep penting.
3. Reptisi ngambali utawa mbaleni tembung kang dianggep penting.
Tuladha : Dieling-eling sesuk kabeh kudu nggawa kaos, kudu
nggawa kaos!
4. Epizeuksis
Yaiku tembung kang dianggep penting dibolan baleni.
Tuladha : Awake dhewe kudu mikir,mikir, mikir lan mikir
kanthi tenanan.
5. Anafora
Yaiku ambalan tembung ana ing saben larik.
Tuladha : Apa kowe arep mulih, apa kowe arep turu kene,
apa kowe arep lunga aku ora nggagas.
Pituduh
Apa cerkak wis kok waca nganti tutug? Apa wis kok tandhani ukara-ukara kang wigati?
Yen uwis
garapen gladhen ngisor iki tulisen ing buku tugas!
GLADHEN
No
|
Pitakonan
|
Wangsulan
|
Ukara kang Nyengkuyung
|
1.
|
Ragam basa apa wae kang kang ana ing cerkak?
|
|
|
2.
|
Gaya basa utawa lelewane
basa apa wae kang ana ing cerkak?
|
|
|
3.
|
Ajaran budi pekerti apa
waekang ana ing cerkak?
|
|
|
Dhiskusi
Gawea kelompok! Saben
kelompok bocah 5-6. Sawise iku tlitinen maneh gladhen ing ndhuwur banjur rembugen karo kancamu
supaya luwih manteb. Yen wis rampung banjur rembugen sakelas. Saben kelompok
bisa ngandharake panemune ing ngarep kelas. Yen wus sarujuk kabeh tulisen asile
ing buku tugas!
Tugas
Goleka cerkak, banjur
golekana ragam basa kang digunake, gaya basa utawa lelewaning basa lan ajaran
budi pekertine banjur tulisen ing buku tugas!