Minggu, 23 Maret 2014

materi kelas ix



RANGKUMAN MATERI BAHASA JAWA KELAS IX
GOTONG ROYONG

Pak RT panjenengan badhe tindak pundi,
Ngasta, arit, lan pacul datan keri
Punapa badhe ngayahi kerja bakti ?
Loo, panjenengan punapa lali ?
Niki rak wancine kerjabakti,
Wingi sedaya warga pun kula criosi,
Ing pundi-pundi pun kula templeki,
Papan pengumuman mang tuweni,
Wonten ajakan kangge kejabakti,
Nika para warga  pun sami dugi,
Reresik  kali ndandosi margi,
Ben boten banjir  lan saged diliwati,
Lingkungan  resik lan asri,
Kesehatan warga tujuan utami
 (Othak-athik)
Geguritan iki asesirah utawa judule gotong royong
Isine ngajak gotong royong ngresiki kalai lan maragi utawa dalan
Gotong royong tembunge liya kerja bakti
Ana unen-unen utawa slgan sing isine trep karo karepe gotong royong yaiku sepi ing pamrih rame ing gawe tegese nyambut gawe ora ana milik upah utawa ngarep-arep opah lan nyambut gawene kanthi tenanan.
Maca geguritan kudu nggatekake 4w yaiku wiraga wirma wirasa lan wicara.
Wiraga iku tegese maca geguritan kanthi ngobahake awak utawa perangane awak ing pangajab bisa nambahi cetha anggone  isine geguritan
Wirama iki maca geguritan kanthi swara dhuwur, cendhek, lirih sero lan liyane cocok karo isine geguritan
Wicara iku maca geguritan kanthi cetha artikulasine
Dene sing diarani wirasa yaiku maca geguritan kanthi ngrasake isine geguritan pa sedhih, seneng,susah, nesu lan liya liyane.
Ngarang geguritan iki ora ana atura dhawa cendhake ukara, akeh lan sethithike, basa kang digunakake dadi bebas ora kaiket aturan mula geguritan uga diarani puisi bebas.


Parikan

Parikan iku salah sijine budaya Jawa
Parikan yen cara bahasa indonesia di arani pantun
Parikan ana sing kadadeyan saka rong gatra utawa rong baris, banjur ana sing patang gotra utawa patang baris. Yen rong gatra gatra sepisan diarani sampiran denen gatra utawa baris kapindho di arani isi. Dene yen patang gatra  gatra 1 lan 2 diarani sampiran gatara 3 lan papat diarani isi.

Parikan iki biasa kanggo guyonan utawa gojekan nglelipur ati, uga kena kanggo njembarake wawasan bab kabudayan.
Parikan isine werna werna ana kang isi pitutur, pitakon, njaluk ngapura  lan liya-liyane gumantung ukarane utawa kalimate

Beda maneh karo cangkriman. Cangkriman iku yen bahasa  Indonesia diarani tebak-tebakan. Cangkriman iku kaperang dadi werna lima yaiku cangkriman wantah, cangkriman wancahan,cangkriman irib-iriban, cangkriman blenderan utawa plesetan lan cangkriman kang sinawung ing tembang.
Tuladha cangkriman wantah: dikethok malah dhuwur jawabe kathok dhawa
Cangkriman wancah : pakbo letus tipak kebo lelene satus
Cangkriman irib iriban : pitik walik saba kebon jawabe nanas
Cangkriman plesetan : lampu ngarep toko yen dithuthuk etu apane jawabe metu wonge.

Cangkriman ing tembang tuladhane;


.

Bapak pocung,dudu watu dudu gunung ,
Dawa kaya ula,
Mencoke ing semen garing
Sapa nyekel bakale entuk bebaya

Jawabe kabel listrik

Tata krama mlaku
Kudu liwat pinggir
Ora sinambi maca buku,
Ora sinambi gojekan
Yen liwat ngarepe wong lungguh atur nuwun sewu ndherek langkung
Yen nglancangi matur nuwun sewu ngrumiyini
Unen-unen
Unen-unen iku yen bahasa indonesi kaya peribahasa
Conto  : tata krama iku ing papan siji lan sijine beda mula ana unen-unen desa mawa cara negara mawa tata.

                      Bengi iku Kang Gendra bingung ora bisa turu, Kang Gendra entuk giliran rondha ana kampunge. Malem Minggu iku pancen marakake judheg pikirane amarga ora nyekel dhuwit, mbayangake esuke bakal ditagih utang.
                      Sanajan atine goreh Kang Gendra tetep mangkat rondha kang ana ing cakruk pojok desa. Ana ing cakruk wis ana kancane rondha yaiku Kang Parja sing wiwit mau ngenteni Kang Gendra. Kang Parja takon marang Kang Gendra sebabe apa wiwit mau katon dhelag-dheleg ora gelem
gojegan kaya biasane. Kang Gendra ngandhakake menawa ora cekel dhuwit blas, kamangka esuke arep ditagih utang Kang Jaya, malah anake sing cilik lara njaluk dipresake.
                      Kang Parja lagi wae tampa dhuwit anggone adol sapine. Kang Parja ngreti menawa sore mau Kang Gendra ora bayaran seton, mula kanthi rila legawa Kang Parja menehake dhuwit kanggo nyaur utang lan kanggo mresakake anake. Dene anggone mbalekake sesuk menawa wis duwe dhuwit. Atine Kang Gendra banjur padhang trawangan seneng banget, sesuk bakal bisa mari anake lan bakal sah utange. (Saking Crita Wong Mlarat)

Tema kang trep karo pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku  wong mlarat utawa wong kekurangan



Watake Kang Parja manut pethikan cerkak ing dhuwur yaiku  seneng tetulung marang wong kang keurangan utawa wong mlarat

Latar papan ing pethikan mau yaiku ana ing cakruk.


Latar wektu kang digambarake ing pethikan cerkak mau yaiku  bengi


     
Palang dalan wis ditutup, tandha menawa arep ana sepur liwat swara tuut-tiit. tuut-tiit..,wis muni wiwit mau, ewadene isih ana warga kang nyoba mbukak palang dalan mau kang kudune durung dibukak. Kaya adat saben ana wae warga kang alasane gelak kesusu, gelak telat anggone kerja utawa mlebu sekolah. Sejatine warga kasebut bisa dikawekani kanthi mangkat luwih mruput. Ora antara suwe swara gumrudug, pres...,grobyag... muni bebarengan karo pating jlerit tandha ana kedadeyan kang ora dinyana-nyana. Mangkono mau kang ana ing dhusun Tegalyasa Banyuraden Gamping.

Latar utawa setting kang digunakake ing pethikan cerkak mau yaiku ing dusun tegalyasa banyuraden gamping

Swasana ing pethikan cerkak ing ndhuwur yaiku tintrim utawa medeni utawa gawe ndredeg



         Nanging jane mono ora kaya sing dikarepake pak Mawardi. Kancaku Indras iku   pancen kenes, kendel, ya kendel ing pelajaran ya kendel karo cowok, ning ya sumbut , wong dheweke ki ya pinter. Nanging ya kuwi yen wis kumat malah kepara nyelelek. Contone nyelelek ya kaya mau kae. Dheweke seneng nirokake gayane guru-gurune. Ning ya lagi pisan iki konangan.

Pethikan cerkak ing ndhuwur migunakake sudut pandang wong kapisan

Piwucal ingkang saged dipun pendhet saking pethikan cerkak ing nginggil inggih menika.Dados siswa kedah pinter nanging boten kenging celelekan.
.

dadi anak kudu bisa,
ngetrapke budi pakerti,
mring wong tuwa kudu bisa,
matur becik lan ngaosi,
mring Gusti Mahasuci,
taberi ngibadah tuhu,
lawan sapadha-padha,
andhap asor merak ati,
mangkono anak kang laku kautaman.


 Pada ing dhuwur kalebu tembang macapat  sinom

 Isine tembang ing dhuwur yaiku pakarti kang kudu dilakoni dening anak
 Tegese tuhu kang ana ing tembang ing dhuwur yaiku tenanan



...
Menyang sekolahan nggawa handpone utawa hape pancen lagi ngetrend. Nek gak nggawa hape jare kurang gaul. Mula bocah-bocah SMP Negeri panggonane Haryo, Genjur lan Bejo sekolah ya wis akeh sing nggawa hape menyang sekolahan. Kae delengen ! Harya ing wektu ngaso kuwi wis mencet-mencet keybad hapene dikancani Genjur lan beja sing ndeleng kanthi rasa iri. Sawetara kuwi bocah-bocah liyane uga asyik berhape ria.
...
Andharan ing nginggil nedahaken bilihKemajuan teknologi ingkang sampun sumrambah wonten sekolahan.


 “Kabeh pepinginan ana wragade. Menawa kepingin mukti kuwi butuh wragad, dadi bocah sing pinter butuh ragad, semono uga anggonmu sekolah.Apa maneh saiki sekolah diwajibake mandhiri golek ragad dhewe , ora gumantung ragad saka pamarentah. Gandheng sekolah uga menehi penget sepisan, penget kapindho lan penget kaping telu nganti ibumu kedharang-dharang teka ing sekolahan, ewasemono ibumu bisane mung semaya. Mula dina iki penget sing pungkasan , menawa sesuk-esuk kowe durung nglunasi SPP tunggakan telung sasi , Ika Wulandari wis dianggep nyuwun metu seka SMP Teladan kene, “ ngendikane pak Broto sora.

Miturut pethikan cerkak  watakipun pak Broto minangka tiyang ingkang boten saged dados pimpinan ingkang wicaksana.

Wonten ing pethikan cerkak menika pengarang ngandharaken pesan moral ing ngandhap menika Dados pemimpin kedah wicaksana lan menggalihaken tiyang-tiyang kesrakat.

Bareng wis metu wong sing nggereng-nggereng sambat awake lara. Aku sajake kenal karo pawongan iku, daktamat-tamatake, aku kaya wis tau ketemu bapak iki, dheweke...Pak Broto ! bener pak Broto, kepala sekolah SMP Teladan sing ngetokake aku gawe tatu atiku. Nanging aku kudu nulung pak Broto, ora peduli wis tau natoni atiku, medhot cita-citaku. Aku kudu nulung pak Broto.

Piwucal ingkang saged dipunpendhet saking pethikan cerkak menika...
.
Nulungi tiyang ingkang mbetahaken pitulungan sanajan sampun natoni atinipun awakipun piyambak
Pethikan cerkak ing nginggil kalebet  perangan cerkak ingkang wonten ing alur ngrampungake crita.


Istilah ing pidato
Basa endah utawa basa rinengga
Kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira panjenengan sedaya.
Winantu tegese diparingi terus
Magas tumpeng tegese ngethok utawa nugel tumpeng
Unsur intringsik ing cerkak
Tema yaiku makna utawa gagasan dasar umum sawijining crita. Tema iki bisa    dimangerteni yen wis maca  critane  nganti tutug tliti lan premati.
Tokoh yaiku paraga kang ana ing sajroning crita. Tokoh utawa paraga iki bisa dibedakake antarane, paraga antagonis kang umum digambarake paraga kang duwe watak ala. Paraga protagonis yaiku paraga kang duwe watak lan sipat kang becik kang nyocoki karo kekarepane awake dhewe nalika maca crita. Ana uga paraga kang ana ing tengah-tengah  kang kasebut tritagonis.
 Latar utawa setting sawijining perangane karya satra kang nuduhake papan yaiku gambaran papan dumadine lelakon ing crita,   Wektu yaiku  gambaran-gambaran kapan dumadine lelakon ing crita lan kahanan utawa swasana yaiku gambaran kahanane nalika dumadine lelakon ing crita.
Alur utawa plot yaiku lakuning crita  saka wiwitan nganti tekan rampung.



Kawruh Pranatacara
Pranatacara yaiku salah sijining paraga sing nduweni jejibahan nglantarake  lumakune sawijing acara kayata: manten, kesripahan, acara resmi/ formal, pengajian, rapat,lsp. Pranatacara uga asring kasebut Master of Ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, utawi pranata laksitaning adicara. Supaya dadi pranatacara kang becik  kudu  gelem nyinau utawa nglakoni :
1.       Olah swara
2.       Olah raga  
3.       Olah busana
4.       Olah basa
5.       Olah sastra
Olah swara yaiku  gladhen kedaling lesan/ pelafalan sarana ngeja abjad, tuladhanipun ka, kha, da, dha, ta, tha, lsp. Gladhen wicara kanthi pocapan sing bener. Gladhen lagu utawa wirama, gegayuta bab ssero lirih, cendhek dhuwur, sarta dawa cendhaking swara.
Olah raga yaiku nindakake olah raga  supaya badan tansah sehat. Badan utawa jasmani kang sehat iku wigati banget tumrape pranatacara. Tuladhane olah raga kang bisa ditindake antarane; senam, mlayu-mlayu, lan olah raga liyane sing sakirane bisa marake badan sangsaya sehat.
Olah busana yaiku  Pranatacara  kudu bisa manganggo sandhangan kang trep karo kahanan nalika dadi pranatacara. Umpamane sandhangan resik, warna utawa rupa iya kudu pas karo kahanan. Yen ana ing layatan ya ora nganggo kang sarwa mompyor lan sapiturute.
Olah basa yaiku nggladhi lan nyinau migunakake basa kang bener mungguhing paramasatra lan trep marang kahanan. Tegese endi basa kanggo acara resmi, basa kanggo acara mirunggan, pranatacara kudu bisa nglarasake basa kang  digunakake karo kahanan lan para rawuh kang  diahepi.
Olah sastra yaiku  nyinau babagan kasusastran kang bisa danggo nalika ngayahi jejibahan dadi pranatacara supaya luwih endah lan narik kawigaten. Tuladhane migunake tembang, parikan, wangsalan, lsp.
Nalika ngayahi  kuwajiban ana ing sawijining acara, pranata cara kudu nggatekkake baba-bab kaya ngisor iki:
1.       Sesambungan karo panitia utawa seksi acara
2.       Paraga liyane kang bakal ngisi acara /paring pangandikan
3.       Waktune acara katindake
4.       Para paraga kang rawuh utawa diundang
5.       Bagian alat umpamane sound system, lampu .

     Contoh muji syukur
Bapak ibu sagung para rawuh sutresna saderengipun sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan lan kaanikmataan dhumateng kula lan panjenengan kacihna ing wekdal menika panjenengan sedaya kepareng kempal manunggal wonten ing papaan menika tanpa alangan setunggal menapaBapak ibu sagung para rawuh sutresna saderengipun sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken muji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan lan kaanikmataan dhumateng kula lan panjenengan kacihna ing wekdal menika panjenengan sedaya kepareng kempal manunggal wonten ing papaan menika tanpa alangan setunggal menapa

Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring  kanugrahan dhumateng  panjenengan lan kula  katitik wonten ing wekal menika panjenengan  alasan kula pinarengaken kempal manunggal wonten ing papan menika  kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa.
Langkung rumiyin sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring  kanugrahan dhumateng  panjenengan lan kula  katitik wonten ing wekal menika panjenengan  alasan kula pinarengaken kempal manunggal wonten ing papan menika  kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa
     
     Ature pranatacara nalika nutup acara
Sagung para rawuh makaten anggen kula ndherekaken lampahing acara ing wekdal meniika kathah pinanggih kalepatan ing basal an suba sita kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun
Wassalamju’alaikum wr.  wb.

Kula ingkang kadhawuhan ndherekaken lampahing acara ing siang menika kathah pinanggih kalepatan ing basa dalasan suba sita kula nyuwun agunging pangaksama.
Jenang sela wader kali sesondheran
Apuranta yen wonten lepat kawula
Matur  nuwun
Wassalamu’alaikum wr. wb.

Tuladha ukara pakurmatan
Panjenenganipun  Ibu/bapak Kepala Sekolah ingkang tuhu dahat kinurmatan
Panjenenganipun Bapak ketua  komite sekolah ing tuhu minulya ing budi
Bapak ibu wali muri kelas  9 ingkang tuhu kula hurmati
Bapak ibu guru lan karyawan ingkang  tansah bagya mulya
Alasan para kanca  kelas 7,8,9 ingkang kula tressnani.

Panjenenganipun para pinisepuh para sesepuh ingkang tuhu dahat kinabekten.
Panjenenganipun bapak kepala dukuh ingkang tuhu kinurmatan.
Bapak ketua RW, ketua RT ingkang kula hurmati
Bapak ibu warga dusun  ingkang winantu ing kabagyan
Maca teks pranatacara kuwi prelu gladhen kanthi tenanan. Kabeh mau kanthi pangangkah supaya anggone maca cetha, kepenak dirungokake lan nengsemake.

1.      Nggatekake andhegan (jeda)
Nalika maca teks pranatacara kudu bisa mangerteni ana ngenti anggone mandheg utawa medhot ukara supaya kepenak lan bisa ngatur ambegan nalika maca supaya ora ketara menggeh-menggeh.
Coba gatekna!
Panjenenganipun para pinisepuh para sesepuh ingkang tuhu dahat kinabekten.
Ukara iki luwih kepenak yen anggone maca las-lasan utawa ana andhegane.
Coba wacanen manut andhegane!
Panjenenganipun para pinisepuh- para sesepuh- ingkang tuhu dahat kinabekten.
Utawa
Panjenenganipun -para pinisepuh- para sesepuh- ingkang tuhu dahat kinabekten.
Nanging aja kaya ngene anggone mandheg
Panjenenganipun para- pinisepuh para- sesepuh ingkang tuhu dahat- kinabekten.
Kepriye rasane coba bedakna!.

2.      Cendhek dhuwure swara
Nalika maca teks pranatacara wiramane aja mung ajeg. Yen wiramane ajeg dirungpkake ora kepenak sabanjure bakal njelehi utawa mboseni. Kanthi mangkono pra tamu mesthi ora padha aweh kawigaten marang acarane. amarga saka iku wigati banget bisa ngetrepke wirama nalika maca. Bab wirama iki bisane krasa kepenak lan orane kudu diucapke sero banjur kanca liyane nyoba ngrasakake. Coba gladhinen tenanan nganti ketemu wirama kang kepenak dirungokake.
Cobanen
Panjenenganipun para pinisepuh para sesepuh ingkang tuhu dahat kinabekten.
 


Panjenenganipun para pinisepuh para sesepuh ingkang tuhu dahat kinabekten.
 


Rasakna bedane. Yen wis bisa ngrasake cobanen ukara-ukara liyane !
3.      Nggatekake wirasa
Maca teks pranatacara kudu nggatekake ing acara apa. Acara resmi, santai, seneng, utawa sedhih. Kabeh kudu dijumbuhake karo kahanan. Nalika maca teks pranatacara pengetan dina kamardikan ya kudu tenanan, ora karo guyonan. Beda karo yen maca teks pranatacara lelayu mesthi wae ora kena karo guyonan kepara kaangkah rada ruruh.